Paguyuban punika mligi dhumateng para kadang sutrisna budaya ing wewengkon saindengin Gunung Lateng lan sinten kemawon ingkang nggadahi tujuan nduduk, ndudah ugi ngrembakaaken “Jatidhiri punapadene kapribadenipun tiyang jawi ingkang adiluhung” lumantar seni budaya lan tradisi. Mrih lestarining budaya lan kuncaraning bangsa kanti hasesanti "Hamemayu Hayuning Bawana"